Sandangan aksara Jawa dikelompokake dadi....
Pertanyaan
1 Jawaban
-
1. Jawaban Alvintaa
Sandhangan Aksara Jawa iku dikelompokke dadi 3, yaiku Sandhangan Swara, Sandhangan Panyigeg, Sandhangan Wyanjana
Penjelasan :
Sandhangan ing Askara Jawa gunane yaikut kanggo imbuhan ing ukara sing ditulis nganngo Aksara Jawa. Aksara Jawa iku ana 20 Aksara yaiku
Ha Na Ca Ra Ka Da Ta Sa Wa La
Pa Dha Ja Ya Nya Ma Ga Ba Tha Nga
Aksara Jawa sing cacahe ana 20 vokal dasare /a/. Dadi, yen arep gawe ukara kudu ditambahi sandhangan.
Macem-macem Sandhangan :
Sandhangan Swara
Sandhanga swara yaiku sandhangan kang bisa malih vokal dasar saka Aksara Jawa dadi i, u, e, lan o.
Macem-Macem Sandhangan Swara :
- Sandhangan Swara Wulu (i)
Sandhangan swara wulu iku gunane dienggo ngubah vokal dasar Aksara Jawa sing asale /a/ dadi i.
- Sandhangan Swara Pepet (e)
Sandhangan swara Pepet iku gunane kanggo ngubah vokal dasar Aksara Jawa sing asale /a/ dadi e.
- Sandhangan Swara Suku (u)
Sandhangan swara Suku iku gunane kanggo ngubah vokal dasar Aksara Jawa sing asale /a/ dadi u.
- Sandhangan Swara Taling (é)
Sandhangan swara Taling iku gunane kanggo ngubah vokal dasar Aksara Jawa sing asale /a/ dadi é.
- Sandhanga Swara Taling Tarung (o)
Sandhangan swara Taling Tarung iku gunane kanggo ngubah vokal dasar Aksara Jawa sing asale /a/ dadi o.
Sandhangan Panyigeg
Sandhangan Panyigeg yaiku sandhangan sing fungsine ngewenehi konsonan ing setiap ukara.
Macem-Macem Sandhangan Panyigeg
- Wignyan (h)
Sandhangan Panyigeg Wignyan gunane yaiku nambahi konsonan h ing sakrampunge ukara.
- Layar (r)
Sandhangan Panyigeg Layar gunane yaiku nambahi konsonan r ing sakrampunge ukara.
- Cecak (k)
Sandhangan Panyigeg Cecak gunane yaiku nambahi konsonan k ing sakrampunge ukara.
- Pangkon
Sandhangan Panyigeg Pangkon gunane yaiku nambahi konsonan sing huruf konsonan akhir ukara iku sak liyane h, r, lan k
Sandhangan Wyanjana
Sandhangan wyanjana yaiku sandhangan kang menehi gugus konsonan kelawan gugus semivokal sajroning sak wanda.
Macem-Macem Sandhangan Wyanjana
- Cakra
Cakra iku sandhangan wyanjana sesulihe ‘ra’.
- Cakra Keret
Cakra iku sandhangan wyanjana sesulihe ‘re’.
- Pengkal
Sandhangan pengkal yaiku sandhangan kang gunane kanggo menehi imbuhan ya.
Pelajari lebih lanjut :
- Materi tentang Aksara Jawa https://brainly.co.id/tugas/2824102
- Materi tentang Pasangan Aksara Jawa https://brainly.co.id/tugas/13434532
Detail jawaban :
Kelas : Sekolah Menengah Atas
Mapel : Bahasa
Bab : Bahasa Jawa
Kode : -
#AyoBelajar
Pertanyaan Lainnya