contoh layang pribadi dalam bahasa daerah
B. Daerah
Ifa043
Pertanyaan
contoh layang pribadi dalam bahasa daerah
1 Jawaban
-
1. Jawaban adriani22
Kanggo kancaku.
Anastasia Kusuma Dewi
Ing Karanganyar.
Salam kangen,,,
Kanthi layang iki aku menehi kabar, Manawa aku lan kaluwargaku ginanjar Gusti ing keslametan lan bagas waras. Dak jaluk sliramu sakaluwarga uga pinarigan keslametan lan bagas waras.
Bakune layangku iki, aku ngabari mengko ing dina prei semesteran rama, ibu lan aku arep sowan eyang menyang Karanganyar. Aku sengaja ndherek jalaran aku kepengin dolan menyang Tawangmangu nonton grojogan Sewu. Yen ana longgar wektu mbesuk dak jaluk kowe gelem ngancani aku.
Wasana cukup semene kabar saka aku, mengko ketemu ing dina prei semesteran.
Purwodadi, 1 Pebruari 2011
Kancamu,
Magdalena Putri Sejati