sebutna titikane wacan teks dheskripsi
Pertanyaan
1 Jawaban
-
1. Jawaban AviliaRosana
WACAN TEKS DESKRIPSI
Wacana deskripsi yaiku wacana kang nggambarake salah sawijining kahanan (objek) kanthi cetha utawa jelas. Objek mau dijelaskake nganti seolah - olah ana ning ngarepe pamaca.
Tujuane nulis wacana deskripsi supaya wong kang maca bisa ngrasakake utawa nyawang dhewe objek kang digambarake utawa dijlentrehake.
Titikan (ciri - ciri) wacana deskripsi yaiku :
a. Nggambarake samubarang (sesuatu) umpamane kahanan, papan, utawa manungsa .
b. Nggunakake panca indra (pandeleng, pangrasa, pangrungu, lan pengecap)
c. Ngajak pamaca ngrasakake bareng lan seolah - olah pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe, krungu dhewe, ngambu atau ngganda dhewe, lan ngecap dhewe.
Urut-urutane nulis wacan deskripsi, yaiku :
1. Nemtokake underaning perkara (tema).
2. Nglumpukake katrangan sing pas kangg ngambarke objek kang dijelaske.
3. Nyathet perangan-perangan bab
4. Nulis wacana lan neliti kanthi urut lan cetha serta ngepasake tembung-tembung kang trep
5. Mbenerake tembung utawa ukara kang salah supaya dadi karangan kang becik .
______________________________________
PEMBAHASAN
sebutna titikane wacan teks dheskripsi
1. Nggambarake samubarang (sesuatu) umpamane kahanan, papan, utawa manungsa .
2. Nggunakake panca indra (pandeleng, pangrasa, pangrungu, lan pengecap)
3. Ngajak pamaca ngrasakake bareng lan seolah - olah pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe, krungu dhewe, ngambu atau ngganda dhewe, lan ngecap dhewe
______________________________________
Pelajari lebih lanjut
1. Contoh teks deskripsi bahasa jawa
https://brainly.co.id/tugas/30267989
2. Contoh teks deskripsi bahasa jawa
https://brainly.co.id/tugas/30647385
______________________________________
Detail Jawaban
Mata Pelajaran : Bahasa Daerah
Kelas : SMA
Materi : Teks Deskripsi
Kata Kunci : Titikane Teks Deskripsi
Kode Soal : 13
Kode Kategorisasi : -
#TingkatkanPrestasimu